Pambagyoharjo



PAMBAGYOHARJO PAHARGYAN

Kawulo nuwun,

Assalamu’alaikum wr wb

Sagunging poro rawuh, poro lenggah tamu sinedhahan ingkang satuhu mahambeg sinudarsono ing akrami.
Langkung-langkung kunjuk sagunging poro sesepuh, pinisepuh ingkang satuhu pantes kinabekten.
Poro pangemban pangembating projo, pandam-pandoming kawulo dasih minongko payung agung ing sasami.
Poro alim ulomo, kyai, pendheto soho teturangganing warga masyarakat ingkang wenang sinebut poro winasis ingkang mahambeg lumebering sih.
Nun injih mboten ateges kinedah kedah kulo kumowani cumantoko ing ngarso panjenengan poro rawuh.
Injih krono piniji panjenenganipun ingkang hamengku gati, kawula pinongko Sulih sarira talanging basa saking kaluarga ageng Bapak / Ibu ......................

Ngaturaken sugeng rawuh dumateng bapa ibu sedherek sekaliyan awit saking karawuhan panjenengan sedaya.Ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami awit saking pambiyantu panjenengan sedaya sae ingkang arupi bandha bandhu, bau suku eguh pratikel menapa dene penggalihan ingkang sedaya kala wau leres leres saged ngentheng enthengaken anggenipun kaluarga ageng Bapak / Ibu ........................ ngentas pitulus hamiwohosiwi putro putrinipun ingkang asesilih pun Rr. ............................ dinaup jejoko mudha ingkang asesilih Bg. ..................................... jalunipun  Bp. ........................................ ingkang pidalem ing .......................................

Menggah ijab qobul sampun kalampahan kolo wau enjing wanci tabuh ................. WIB kanthi wilujeng nir ing sambekolo, awit saking berkahing gusti ingkang moho kuwaos soho donga pangestu panjenengan sadoyo.

Salajengipun kaluarga ageng Bapak / Ibu ...................... nyuwun agenging pangapunten ingkang tanpa upami mbok bilih anggenipun nglenggahaken lan nampi panjenengan sekaliyan kirang trep kaliyan kalenggahan panjenengan sami.

Semanten atur kula minangka sulih sarira talanging basa saking kaluarga ageng ibu kristini,mbok bilih wonten kekirangan saha kesalahanipun nyuwun agenging samudra pangaksami. Matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr Wb.




Contoh ulem kumbokarnan



         Undangan Kumbokarnan


Setu Pahing , 20 Januari 2014

Katur Panjenenganipun :
Bp/ Ibu/ Sdr      ……………………………….....
Ingkang pidalem ing       ………………………….
…………………………….

       Kel. Bp.........................
         Alamat



Surakarta, 12 Januari  2014


Winantu Sagunging Karahayon           
Nuwun hambok bilih  Gusti hangeparengaken saha sepen ing pambeng sedayanipun kula
nyuwun kepareng panjenengan, kula suwun rawuh ing griya kula

Danukusuman,  Surakarta.
Ing Dinten : Setu Pahing,  20 Januari  2014
Wanci tabuh : 19.30 Wib

Saperlu kulo suwuni panyengkuyung, pambiyantu saha iguh pratikel, anggen kulo
badhe gadhah damel ’ngundhuh mantu” anak kulo pun
“Bg. .......................................” pikantuk “Rr....................................., ” putrinipun 
Bp .................. soho Ibu ........................  ingkang pidalem ing Bratan, Pajang Surakarta.
Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kula menggah karawuhan penjenengan sekaliyan
saha sadereng lan sasampunipun, kulo ngaturaken agengipun panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Mugi Rahayu Ingkang Sami Pinanggih
Nuwun, Matur Nuwun

Pangabekti
Atur -------------------Kulo
Taklim

Kel.Bp...................................

 

Pambioworo Kesripahan



PAMBIOWORO KESRIPAHAN

Kawulo nuwun,

Assalamu’alaikum wr wb.
Innalillahi wa inna ilaihi roji’un (terus membaca surat lelayu)

Poro sesepuh, poro pinisepuh, poro pangemban pangembating projo minongko pandam pandoming kawulo dasih ingkang pantes pinundi, poro asung pambelo sungkowo kakung putri ingkang pantes sinudarsono.
Madyning panandhang ing kalenggahan puniko, kangge nggempeni wekdal kawulo ingkang piniji minongko pambioworo setunggal mboko setunggal badhe macakaken urut reroncening badhe bidhaling layon pun almarhum Bp. ..................................
Sak derengipun setunggal mboko setunggal toto adicoro pametaking layon kawulo aturaken, dumateng Bp/Ibu Takziyiyah/Takziyin ingkang kepareng badhe nyolataken wekdal soho panggenan kasumanggakaken, Sholat jenazah badhe pun imami panjenenganipun Bp. .........................
Madyning panandhang dumugi titi wanci setunggal mboko setunggal badhe kawulo wacakaken urut reroncening badhe bidhaling layon pun almarhum. Bp...................................

I.                   Tanggap wacana
a.       Atur panuwun wakil keluargo ageng awit saking karawuhan panjenengan sedoyo ingkang mangkenipun badhe kasariro panjenengaipun Bp. ............................... jumenengipun Bp. .................................. jinajaran Bp. ........................
b.      Atur belo sungkowo wakil saking masyarakat RW .............. sak lembaganipun ingkang mangkenipun  badhe kasariro panjenenganipun Bp. ...........................
c.       Atur belo sungkowo wakil saking masyarakat Kalurahan ........................... sak lembaganipun ingkang mangkenipun badhe kasariro panjenenganipun bapa Lurah Bp. ................................
d.      Ing pangajab insya Allah arwahipun Bp. .......................... katampi anggenipun sowan ing pangayunaning Allah SWT, badhe kawaosaken doa. Dene doa badhe kasepuhi panjenenganipun Bp. ...................
e.       Tanggap Pasuryan
f.       Panutup lan pangangkating pethi jenasah. Panutup lan pangangkating pethi jenasah dumugining mobil jenazah badhe kasariro kadang-kadang kaneman RW ............. Ingkang kasepuhi panjenenganipun Bp.  ......................

II.                Lampahing Toto Adicoro
a.       Bp/Ibu madyaning panandhang ingkang satuhu kinurmatan, ndungkap adicoro ing kang ongko setunggal injih meniko Atur panuwun wakil keluargo ageng awit saking karawuhan panjenengan sedoyo ingkang  badhe kasariro panjenengaipun Bp. ................. Menawi sampun sumadyo ing sadayanipun wekdal soho panggenan kasumanggakaken sak wetahipun.
b.      Bp soho ibu adicoro ingkang ongko kalih injih atur belo sungkowo wakil saking masyarakat RW ...................... sak lembaganipun ingkang badhe kasariro panjenenganipun Bp. .......................... Menawi sampun sumadyo ing sadayanipun wekdal soho panggenan kasumanggakaken sak wetahipun.
c.       Mekaten kolo wau menggah atur belo sungkowo wakil saking masyarakat RW ...................... sak lembaganipun ingkang sampun kasariro panjenenganipun Bp. Abdul Halim sak lajengipun
d.      Atur belo sungkowo wakil saking masyarakat danukusuman sak lembaganipun  ingkang  kasariro panjenenganipun Bp.................................
e.       Bapak Ibu madyaning panandhang ingkang pantes nampi pakurmatan. Ing pangajab insya Allah arwahipun Bp. ............................... katampi anggenipun sowan ing pangayunaning Allah SWT, badhe kawaosaken doa. Dene doa badhe kasepuhi panjenenganipun Bp.......................
f.       Paripurno waosan doa ingkang sampun kasariro lan kasepuhi panjenenganipun bapa   ..........................mugi kanthi doa kolo wau nggampilaken arwahipun alamarhumah katampi wonten pangayunaning Allah SWT. Amin.
g.      Poro takziyin lan ta’ziyah ingkang kinormatan adicoro sak lajengipun injih meniko tanggap pasuryan. Dumateng poro pelayat ingkang ngersakaken mirsani pasuryanipun Bp........................... ingkang pungkasan wekdal soho panggenan kasumanggakaken.
h.      Dumateng poro kadang-kadang kaneman RW  ............ ingkang piniji ngangkat pethining jenasah supados samekto ing gati. Ingkang dipun sepuhi panjenenganipun Bp. ........................
i.        Bp/Ibu poro pelayat kakung sumawono putri ingkang badhe ndherekaken jenazah dumugining  astono ..................................... saking keluargo nyamektakaken titihan bis cacah 1 ingkang manggen wonten ratan jl, ................
j.        Urut-urutaning jenazah, roda kalih, mobil jenasah, roda sekawan, bis.
k.      Ratan ingkang pun liwati, saking griyo duh kito............................

Purnaning toto adicoro.

Bapak Ibu  takziyah/takziyin inking kinormatan mekaten kolo wau menggah urut reroncening adicoro pametaking jenazahipun  Almh ......................................................... Kawulo ingkang piniji minongko pambioworo  wiwit purwo, madyo menopo dene wasono mbok bilih wonten kiranging trapsilo, boso tuwin sastro nyuwun agenging pangaksami.
Akhirul kalam. Wassalamu’alaikum wr wb.