Pambioworo Pahargyan



PAMBIOWORO PAHARGYAN


  1. Kawulo nuwun, assalamu’alaikum wr wb
Sagunging poro rwuh, poro lenggah tamu sinedhahan ingkang satuhu mahambeg sinudarsono ing akrami.
  1. Langkung-lngkung kunjuk sagunging poro sesepuh, pinisepuh ingkang satuhu pantes kinabekten.
  2. Poro pangemban pangembating projo, pandom-pandoming kawulo dasih minongko paying agung ing sasami.
  3. Poro alim ulomo, kyai, pendheto soho teturangganing warga masyarakat ingkang wenang sinebut poro winasis ingkang mahambeg lumebering sih.
  4. Nun injih mboten ateges kinedah kedah kulo kumowani cumantoko ing ngarso panjenengan poro rawuh.
  5. Injih krono piniji panjenenganipun ingkang hamengku gati pun Bp ................................., kinen hanjajari pinongko pambioworo wonten ing pahargyan siang ari puniko.
  6. Poro rawuh soho poro lenggah ingkang satuhu sinubo ing pakurmatan, kanthi lumengsering suryo condro soho warso dumawah suryo kaping ........................, wus cumawis pesti lamun panjenenganipun Bp. ................................... ing sedya kepareng hamengku gati ngentas pitulus mahargyo soho hamiwohosiwi putro putrinipun ingkang asesilih pun Rr. ............................ dinaup jejoko mudha ingkang asesilih Bg................................ jalunipun  Bp. ......................... ingkang pidalem ing ............................................................
  7. Menggah ijab qobul sampun kalampahan kolo wau enjing wanci tabuh ............... WIB kanthi wilujeng nir ing sambekolo, awit saking berkahing gusti ingkang moho kuwaos soho donga pangestu panjenengan sadoyo.
  8. Menggah sak lajengipun keparengo kulo minongko pambioworo, hamurwakani atur wonten ri kalinenggahan ndungkap tumapaking adicoro pahargyan wiwahaning putro temanten sekalian.
  9. Hambok bilih mangke sampun dumugi titi wanci  ingkang piniji. pinongko titi laksono adicoro ingkang sapisan, nun injih temanten badhe kalenggahaken wonten dhampar rinenggo.
  10. Titi laksono ongko 2, sak watawis temanten putri lenggah ing dhampar kalenggahan nuli sumusul bidhaling sang duto pamethuk.
  11. Ngancik titi laksono ongko 3, kanthi rawuhing rombongan temanten kakung, nuli kalajengaken atur pasrah tinampining temanten kakung.
  12. Sak paripurnaning atur srah tinampi nuli kalajengaken satoto adat panggihing temanten, sak sampunipun temanten sekalian tumuli kalenggahaken lenggah jajar wonten sasono rinenggo.
  13. Sak wetawis temanten sekalian lenggah jajar hanggono raras, nuli dumawah   rikalinenggahan madya menggah keparengipun ingkang hamengku gati kepareng hamanembromo matur dumateng panjenengan poro rawuh sedoyo.
  14. Pari purnaning atur pambagyo harjo nuli ngancik titi laksono candhakipun atur wasisto aji (ular-ular temanten)
  15. Hambok bilih ing mangke sampun cekap sedayanipun, nuli pratndha ndungkap paripurnaning pahargyan. Nuwun.


PAHARGYAN


  1. Poro rawuh, poro lenggah tamu sinedhahan ingkang satuhu sinubo ing pakurmatan. Kados-kados sampun wonten sasmito saking palereman panti busono menawi to temanten putri sampun paripurno anggenipun macak busono ngadi sariro, milo dumateng panjenenganipun Ibu ...........................soho Ibu ........................... keparengo hanganthi temanten putri mijil saking panti busono nuli kalenggahaken palenggahan ingkang sampun karenggo.
  2. Sak watawis temanten putri lenggah ijen anggono raras, nuli sumusul bidhaling sang dutho pamethuk ingkang badhe kasariro panjenenganipun Bp. .......................... soho Bp. ..................................
Dumateng panjenenganipun Bp. ................................. soho Bp. ............................. mbok bilih sampun sumadyo ing karso sedaya gati wekdal soho panggenan kasumanggakaken sak wetahipun.
  1. Temanten kakung sak rombongan ndungkap dumugi ing korining pahargyan, ingkang kasinepuhan dening panjeneganipun Bp.   ................   pinongko sulih sariro panjenenganipun Bp. ...................... ing mangke ingkang kepareng hamasrahaken temanten kakung.
  2. Poro rawuh, poro lenggah temanten kakung sampun mapan wonten sak ngajeng korining pahargyan, pramilo kasuwun dumateng panjenenganipun Bp. .................................. sumadyo ing gati hanampi atur pasrah saking sok cundoko panglaroh. Menggah jumenengipun Bp. ............................... kaapit panjenenganipun Bp.................................... soho Bp..................................
    • Hambok bilih sampun sumadyo ing karso sedyo ing gati samudayanipun dumateng panjenenganipun Bp.    ............................   sumonggo nun wekdal soho panggenan kasumanggakaken sak wetahipun.
    • Tatas, tetes, titis kang pratitis, wijang gamblang cetho terwoco atur pasrah panjenenganipun Bp.   .........................    pinongko sulih sariro panjenganipun Bp ...........................
    • Salajengipun badhe katampi atur dening panjenengaipun Bp................................. Sumonggo nun wekdal soho panggenan kasumanggakaken sak wetahipun.
    • Mekaten poro rawuh soho poro lenggah tamu sinedhahan menggah pasrah tinampining temanten sampun paripurno.
    • Kasuwun dumateng Ibu................................ soho Ibu .................................. hanganthi temanten putri saking dhampar palenggahan tumuju panggenan piniji.
    • Soho dumateng panjenenganipun Bp. ...............................tuwin Bp ................................... keparengo hanganthi temanten kakung, nuli lumampah lon-lonan sak perlu kapanggihaken temanten putri.
    • Poro rawuh, poro lenggah ngancik adicoro sak lajengipun injih meniko adicoro besan mertuwi, katur panjenenganipun Bp/Ibu .................................. kasuwun hangacarani besan rawuh. Menawi sampun sudyo ing sadayanipun wekdal soho pangenan kasumanggakaken sak wetahipun.
    • Ndungkap adicoro  candhakipun adicoro sungkeman, kasuwun panjenenganipun ibu .................................... hamratitisaken pangabekten kasebat.
  3. Panjenenganipun poro tamu kakung sumawono putri satuhu mahambeg sinudarsono ing akrami, wiwit purwo ngancik dumugining madyo ing kalinenggahan puniko awit keparengipun ingkang hamengku gati badhe hamanembromo matur dumateng panjenengan poro rawuh sulih sariro panjenenganipun Bp. .......................................... menggah jumenengipun kaapit Bp............................ soho Bp. ..................................................... bilih sampun wonten keparengipun, dumateng panjenenganipun sumonggo nun wekdal soho panggenan kasumanggakaken sak wetahipun.
    • Atur pambagyo harjo yuwono sampun paripurno, milo awit saking keparengipun ingkang hamengku gati lumantar kawulo panjenenganipun poro tamu sedaya tasih kasuwun nglajengaken lelenggahan kanthi mardhu mardhikaning penggalih imbal wacono mangun suko. Ngiras pantes ngrantos dumawahing adicoro soho titi laksono sak lajengipun nuwun.
  4. Poro tamu semudahan ingkang tansah winantu ing karaharjan, wiwit purwo, madya meh ndungkap titi wasono namung keparengipun ingkang hamengku karso tasih hanggadhahi gungan dumateng sesepuh kinen hanambah wejangan dumateng tementen sekalian, pramilo kasuwun dumateng panjenenganipun Bp. .................................... keparengo paring atur ular-ular wonten ing swasono pahargyan, hambok bilih sampun wonten keparengipun sumonggo sawetawis wekdal soho swasono kasumanggakaken.
  5. Poro rawuh soho poro tamu kakung miwah putri, pungkasing atur wursito aji ingkang sampun kaaturaken panjenenganipun Bp. ..................................... pinongko sabdo tomo sesulih mliginipun jumandak dumateng temanten kekalih lumeberipun dumateng kito sadoyo.
    • Sak lajengipun awit saking kepararengipun ingkang hamengku gati, panjenenganipun Bp/Ibu ............................................ panjenengan sedoyo tasih kasuwun nglajengaken lelenggahan kanthi mardhu mardikaning penggalih imbal wacono mangun suko.
    • Bilih titi wanci paripurnaning pahargyan katitik menawi risang pinanganten sekalian sampun kakanthi kajumenengaken wonten sak ngajenging kori pahargyan.
    • Sak lajengipun kados-kados titi laksono adicoro pahargyan setunggal mboko setunggal sampun lumampah kanthi mboten wonten alangan setunggal menopo soho wilujeng, pramilo minongko pari purnaning pahargyan siang puniko kasuwun dumateng panjenenganipun Bp/Ibu ............................... keparengo hambedhol njengkaraken putro temanten kekalih kakanthi tumuju dumateng sak ngajenging wiwaraning pahargyan. Kasuwun dumateng poro among tamu kakung miwah putri keparengo jumeneng sajajar satoto wonten papan ingkang prayogi.
  6. Mekaten poro tamu sinedhahan ingkang satuhu bagyo mulyo menggah babaring gelar pahargyan panjenenganipun Bp/Ibu .........................  hamengku gati..
Sepisan malih hambok bilih anggen panjenenganipun hanampi karawuhan panjenengan sedoyo wonten kekirangan lan kirang trep soho jumbuh kalian palenggahan panjenengan, Bp/Ibu ................................................. tansah nyenyadhong lumunturing samodro pangaksami.
Kulo pribadi minongko pabioworo mbok menawi anggen kulo   ...............   lampahing adicoro pahargyan wonten kirang lanangkungipun kulo nyuwu pangapunten.

Wassalamu’alaikum wr wb.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar