Pambagyoharjo



PAMBAGYOHARJO PAHARGYAN

Kawulo nuwun,

Assalamu’alaikum wr wb

Sagunging poro rawuh, poro lenggah tamu sinedhahan ingkang satuhu mahambeg sinudarsono ing akrami.
Langkung-langkung kunjuk sagunging poro sesepuh, pinisepuh ingkang satuhu pantes kinabekten.
Poro pangemban pangembating projo, pandam-pandoming kawulo dasih minongko payung agung ing sasami.
Poro alim ulomo, kyai, pendheto soho teturangganing warga masyarakat ingkang wenang sinebut poro winasis ingkang mahambeg lumebering sih.
Nun injih mboten ateges kinedah kedah kulo kumowani cumantoko ing ngarso panjenengan poro rawuh.
Injih krono piniji panjenenganipun ingkang hamengku gati, kawula pinongko Sulih sarira talanging basa saking kaluarga ageng Bapak / Ibu ......................

Ngaturaken sugeng rawuh dumateng bapa ibu sedherek sekaliyan awit saking karawuhan panjenengan sedaya.Ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami awit saking pambiyantu panjenengan sedaya sae ingkang arupi bandha bandhu, bau suku eguh pratikel menapa dene penggalihan ingkang sedaya kala wau leres leres saged ngentheng enthengaken anggenipun kaluarga ageng Bapak / Ibu ........................ ngentas pitulus hamiwohosiwi putro putrinipun ingkang asesilih pun Rr. ............................ dinaup jejoko mudha ingkang asesilih Bg. ..................................... jalunipun  Bp. ........................................ ingkang pidalem ing .......................................

Menggah ijab qobul sampun kalampahan kolo wau enjing wanci tabuh ................. WIB kanthi wilujeng nir ing sambekolo, awit saking berkahing gusti ingkang moho kuwaos soho donga pangestu panjenengan sadoyo.

Salajengipun kaluarga ageng Bapak / Ibu ...................... nyuwun agenging pangapunten ingkang tanpa upami mbok bilih anggenipun nglenggahaken lan nampi panjenengan sekaliyan kirang trep kaliyan kalenggahan panjenengan sami.

Semanten atur kula minangka sulih sarira talanging basa saking kaluarga ageng ibu kristini,mbok bilih wonten kekirangan saha kesalahanipun nyuwun agenging samudra pangaksami. Matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr Wb.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar